Tuku Sapi
Nganyelne Ati
Tono wong
sugih nanging rodo oton, arepe tuku sapi nek pasar. Dheweke arep
golek sapi kanggo pesta minggu ngarep nek omahe. Tono budal menyang pasar sapi, dheweke budal gawe mobil anyare. Teka pasar sapi, Tono mubeng-mubeng golek sapi
seng cocok kanggo pesta kuwi. Ora suwi mlaku ana pasar, enek blantek sing sapine cocok kanggo pesta sesuk. Tono langsung marani lan takon-takon.
Tono : “ Pak niki sapine sinten, Pak?’’
Bakul sapi : “Sing endi ? Lokal apa import ?’’
Tono : “Sing lokal, Pak ?”
Bakul sapi : “Nggonanku”
Tono : “Lha sing
import, Pak?’’
Bakul sapi :”Padha.”
Tono : “Lha sapine
ngeten niku pintenan ? (karo nduding sapi)”
Bakul sapi : “Sing endi ?
Lokal apa import ?”
Tono : “Sing lokal pinten, Pak ?”
Bakul sapi : “20 juta wae.”
Tono : “Lha sing
import piro Pak ?’’
Bakul sapi : “Padha.’’
Tono : “ Lhoh, Pak! ketmau kok panggah padha-padha jane piye ?’’
Bakul sapi : “Yo serku to
sapi-sapiku ,lambe-lambeku!”
Tono
miker lan bingung, apa sing ditakokne salah. Bakul sapi mau mbaten “wong iki sugih, nanging kok oton ngentek. Tono wes ora
nutut mikir, paling uteke keri. Dheweke
langsung mulih karo bingung lan kisinan.
SEKOLAH SBI
Aghnia Aulia Anggraini (02)
Ing
sawijining dina ing sekolah Negara Antah Barantah, ana guru kang wenehi
informasi marang muride yen sekolahe bakal dadi sekolah SBI.
Guru : “Cah ana kabar apik. Sekolahe adewe kang paling top iki bakal dadi sekolah
SBI (Sekolah Bertaraf Interasional). Bakal tambah apik lan top sekolahan iki.
Saiki aku takon menyang Jono, apa sih sing bakal mbok siapne kanggo nyambut iki
?”
Jono : “Sinau bahasa Inggris pak, supaya saged dhawuh lancar damel bahasa
inggris.”
Guru : “Pinter tenan awakmu Jon. Nah, yen awakmu Darto apa sing bakal mbok
siapne ?”
Darto : “Yen kula mboten belajar bahasa Inggris pak, nanging kula kudu nyiapake
dhuwit ingkang katah pak !”
Guru : “Loh kena ngapa kok kudu siap dhuwit akeh To ? kudu ne awakmu belajar
bahasa sing apik.”
Darto : “Loh lha pripun to pak. Lek yo inggih to, amargi yen sekolahe niki statusipun sampun SBI, mestine inggih tambah larang biaya sekolahe. Wonten toh
jaman saiki sekolah SBI sing bayare sami kalih sekolah kang biasa ?”
Guru : “Jawaban mu kok kaya ngono Darto ? Apa sih karep mu ?”
Darto : “Lah pripun to pak, lek menurut kula, sekolah kang statusipun SBI niku
sanes Sekolah Bertaraf Internasional naanging Sekolah Bertarif Internasional.”
Guru ing
kelas iku bingung menehi tanggapan saka pernyataane Darto kang nyeleneh tapi
isih ana benere yen di pikir. Kanggo nyairke suasana ing kelas, guru iku
langsung bahas materi pelajaaran kanggo nylimur kahanan ing kelas.
PENGENDARA
MOTOR
Amaliya Gita Astary (03)
Polisi lalu lintas ngawe-ngawe
nduwe maksud ngendek pengendara sepeda motor sing goncengan
telu. Tapi motor kuwi malah mblayu, Pak Polisi langsung nguber. Akhire pengendara kuwi tertangkap.
Pak Polisi : “Nyapo kowe
kok malah mblayu? (disambi nulis surat tilang) ”
Pengendara : “Kersane
selamet, Pak.”
Pak Polisi : “Keselametan
apa ? Kowe ngerti goncengan telu kuwi dilarang, isa bahaya!”
Pengendara : “Lha niku
bapak sampun ngertos. Goncengan tiga mawon bahaya, kok wonten napa bapak ajenge nderek goncengan sekawan.”
Pak Polisi :
“Woh..bocah edan!”
GOLEK NANAS
Andre Hartono Febrianto (04)
Pas dina minggu ana bocah lan kancane golek nanas ing sawahe uwong,ana
bocah seng golek nanas paleng akeh jenenge karto. Pas golek iku bocahe kesusu
amerga selak wedi konangan karo seng ndue nanas ing sawah iku.sesuke pas
ing sekolah cerita ing kancane lek deweke dek wingi
golek nanas.
Karto : “Cah arep nanas gak ?”
Imam : “Nanas apa ? Arep aku !”
Karto : “Nanas bogor
cah, uenak lan legi.”
Imam : “Endi nanase ? Mok gawa apa nek omah ?”
Paijem : “Lakmu golek nanase nek endi kok oleh nans bogor ? (takok karo curiga)”
Karto : “Nek sawah.”
Paijem : “Nggir endi ? Engko tibakno nggone bapakku, Kar ?”
Karto : “Gak ngerti, Jem. Kan nek sawah aku yo gak ngerti , yo lek iku emang nggone bapakmu aku yo njaluk ngapura merga aku gak ngerti (wedi lan dredek)”
Imam : “Haha..hoo, Kar! Balekno
nanase Paijem , iku nanase kancane dewe di colong
ta, Kar!”
Karto : “Kan aku gak ngerti ta cah. Iya,
Jem tak ijoli tapi ojo omong bapakmu, aku wedi, Jem.”
Paijem : “Iyo, Kar gak tak omongne, tapi ojo mok baleni neh ya!”
Karto :
“(ngadek lan ngaleh mlebu kelas karo nguyu)”
Imam : “Gek piye ta, Kar. Niate nyolong ora sengaja omong malah konangan seng nduwe, nggone Paijem pisan.”
Paijem : “(Nutuk sirahe
Karto)”
KUCING BEJO
Aprillya Vyka Lufvyana (05)
Yu tum lan bojone bejo nduweni kucing sing jenenge robet. Sawise
nduweni kucing yu tum dadi ora tau ngurusi bojone maneh, sing dipikirne mung
kucing tok.
Sawijining
dina yu tum arepe budal menyang arisan.
Yu tum : “Pak, aja lali engko kucingku diwenehi mangan?”
Bejo : “Iya tum. Awakmu arep arisan ae panggah mikirne kucing, kapan awakmu mikirne
aku??”
Yu
tum :“Yawis gak usah ngeluh ae, aku arepe budal. Assalamualaikum.”
Bejo : “ Waallaikumsalam.”
Sawise Yu tum budal, bejo nduweni rencana arep nggawa kucinge iki ngaleh sing adoh. Bejo nggawa karung terus
kucinge iku dilebokake menyang karung iku lan digawa
mlayu.
Bejo :“ Saiki awakmu gak bakalan iso nganggu aku maneh haha..”
Bejo nggawa kucing iku nganti metu soko desane nganti nglewati kali
munyer-munyer nganti teko hutan sing paling njero dewe. Sawise iku kucinge
diculne nek hutan iku lan bejo langsung ngaleh .
Berjam-jam
sawise iku bejo telpon Yu tum.
Bejo : “ Halo tum, awakmu wis teka omah gung ?”
Yu tum : “ Wis ket mau pak aku teka omah.”
Bejo : “Kucingmu enek gak nek omah ?”
Yu tum : “Enek lah, lha kae nek ngarepe tv karo
mangan “
Bejo : “Tenanan enek ye ?”
Yu tum : “Enek. Nyapo to emange ? Awakmu nek endi to ?”
Bejo : “Gak usah takok sik, saiki hpmu kekno kucing mu !”
Yu tum : “Nyapo emange ?”
Bejo : “Aku arep takon kucingmu mau muleh liwat endi? Aku kesasar iki!”
KASTI SEMRAWUT
Dening : Bela Sari (06)
Nalika olahraga ing lapangan
sekolahan,aku lan kanca-kancaku dolanan kasti. Nanging dolanane malah kakehan
guyon. Kancaku jenenge Rika senengane ngomongi yen bar nampek bal, gepuke aja
metu saka garis. Nanging pas giliran Rika nampek, lha kok malah gepuke digowo
mlayu, sak lapangan langsung ngguyu.
Ana
maneh kancaku jenenge Amaliya, pas nampek bal gepuke kuwalik, gagange malah
digawe nampek, sak lapangan ngguyu maneh.
Ana
maneh jenenge Eka, pas mlayu nyang pos 1 lha kok malah keblegong lan ngepot,
lemahe sakkal kebul-kebul lan metu beluke warna ireng.
Pak
Ponco : “Ana apa, Ka? Orapapa ta?”
Eka : “Mboten napa-napa, Pak ( karo
rodok membik-membik)”
Kanca-kancaku
langsung nulungi Eka, lan kastine bar amarga kedadean iku, nanging panggah ana
sing ngguyu kepingkel-pingkel.
BAKAT
Dening : Beti Niasari (07)
Ing sawijining dino guru takon
bakat-bakat kang diduweni bocah-bocah.
Guru
:" Don, bakatmu apa ?"
Doni :"Futsal, Bu."
Guru :"Lha kuwi
besok kowe bisa dadi pemain futsal profesional."
Guru :"Nur, bakatmu
apa?."
Nuri :"Ehmm.....!Masak.Bu!."
Guru :"Kui
besok biso dadi koki!."
Wayah'e Riko ditakok'i dewek'e malah
turu .Ora ngawaki wayah ditakoki guru.
Guru :"Riko..!Bakatmu
apa?.(Wes kapeng telu guru nakok'i Riko tangi).”
Riko :"Napa
Bu....?(karo ngucek
mripat)”
Guru :"Bakatmu
apa? (takok karo nyedeki Riko).”
Riko :"Bakat
kula ......"
Ana kancane Riko jawab.
Ana :"Bakate Riko Pelor, Bu."
Guru :"Apa
kuwi pelor ?"
Ana :"Nempel
terus molor, Bu."
Bocah sak kelas podho guyu kabeh.
DUKUN APUS – APUSAN
Dany
Tristyana Putra (08)
Enek crita ing salah siji
desa, nek kono kuwi enek wong sing lagak e kayak wong pinter iso wae disebut
dukun. Wong kui ngeramalake wong ing desa kasebut lan isi ramalane kayak
masalah demit-demit sing nemplek ing wong desa kuwi. Wong e omong nek ngono
kuwi kudu diruwat ben demit-demit e kuwi iso ngaleh lan gak garai wong kana
apese ilang. Pas wayah kuwi enek wong sing pengen diruwat gara-gara omongane dukun kuwi.
Paimin : “Mbah dukun, kul pengin diruwat, merga kula nek pitung apa-apa wae mesti
apes, paleng nek awak kulo enek demite.
Mbah Dukun : “Oalah kuwi bener pancen ketok nek awakmu kuwi enek sing ngetutne. Wis ngene wae iki mau kan yo malem jumat kliwon ta, siapno sesajen yaiku kembang, dupo,
menyan,wedus lanang lan duwek sak juta wae.”
Paimin : “Akeh men mbah
dukun syarate?”
Mbah Dukun : “Lha awakmu pengin ilang gak apesmu ?
Dikeki syarat ngono wae protes.”
Paimin :“Nggih mbah nggeh ngapuntene.”
Pas wayah kuwi sesajene
digolekne sampek ngelumpuk kabeh terus seng arepe diruwat kuwi marani mbah
dukun e kuwi.
Mbah Dukun : “Wis ngelumpuk
kabeh iki syarat-syarate ?”
Paimin : “Sampun mbah, sampun lengkap sedoyo niki.”
Pas wayah e
acara ngeruwat e, gayane dukun kuwi
kayak dukun-dukun tenanan wae. Pas wayah adus kembang dukun kuwi
meneng-meneng njupuk duwek e sing disiapne gawe sesajen mau.
Mbah Dukun : “Meremo, ojo sampek melek nek gung tak utus melek (karo nyiram banyu kembang).”
Paimin manut wae,
pas kuwi wes bengi pisan. Terus wes sampek suwi batine sing diruwat kok gak
ndang diutus melek, terus deke melek dewe mbusano didelok bake sesajene rupa
wedus lan duwite mau amblas digondol dukun mau.
Paimin : “ Woh!
Pancen dukun gendeng, aku diapusi dukun apus-apusan bako, titenono tak
sumpah disruduk karo wedusku kae.”
Tibako pas perjalanan, dukun kuwi mau
arepe ngedol wedus e kuwi gak sengaja wedus e ngamuk lan nyeruduk bokong
e si dukun apus-apusan mau.
ASURANSI
Dening : Efi Surya Maharani (09)
Ing salah
sawijine dina, Pak Guru Ekonomi lagi menehi pelajaran ekonomi bab asuransi ing
salah sawijine kelas. Kahanan kelas biasa-biasa wae. Pas wayah tanya jawab, Udin
tangkled menyang Pak Guru.
Udin : “Pak, napa contoh saka asuransi punika ?”
Pak Guru : “Yo seratus pertanyaane. Contoh
asuransi kuwi saumpama aku nduwe mobil,
mobilku tak asuransikake gedhene
100 juta suwune 5 tahun, dadi
saben wulan aku kudu bayar 4 juta menyang pihak asuransi.”
Ora puas
karo jawabane Pak Guru Rohmad nambahi,
Rohmad : “Pak, yen mobil kuwi nabrak sepur sadurunge angsuran lunas kepriye ?”
Pak Guru : “Iya mobil
kuwi bakal diganti karo sing anyar.”
Jojon : “Oh..lak ngonten nggih penak, Pak.
Kula bakal oleh mobil anyar.”
Kanca-kancane
padha ngguyu lan Pak Guru mung meneng godheg-godheg lan nambahi pitakonan
menyang Jojon.
Pak Guru : “Nanging
apa kowe seneng yen dulurmu sing ana ing mobil mati ?”
Jojon : “Ingkang
pentingkan kula saged entuk duwit 100 juta lan mobil anyar. Nggih to, Pak? (karo cengengesan)”
Kabeh kanca-kancane
padha sawang-sawangan, banjur ngguyu kepingkel-pingkel. Gumuyu ing kelas wis
rampung, pelajaran banjur diterusne maneh.
JAM PELAJARAN KOSONG
Eka Oktavia (10)
Pak
Guru : “Cah, coba jawaben! Jam pelajaran apa kang paling kok senengi ?”
Paijo : “Matematika, Pak.”
Pairah : “Biologi, Pak.”
Pak Guru :”Sip.. lha
awakmu, Jem. Jam pelajaran apa kang paling kok senengi ?”
Paijem : “Jam pelajaran kosong, Pak.”
Pak Guru : “...???”
Ora Sumbut Karo Nakalmu
Fidyana Dyta Rahmawati
(11)
Ing Desa Melati, ana bocah jenenge Jolono sing umure isih 3 tahun. Jolono iku bocah sing nakale ora umum, sakarepe dewe, lan seneng
dolanan prabotan pawon. Ibune karo tangga-tanggane wae sampek nggumun kok enek
bocah nakal koyok ngono kuwi.
Yu Jah :
“Walah.. Jolono kuwi lho Yu Tun. Nakale kok ora umum, sampek jegeg aku
ngrasakne nakale.”
Yu Tun : “Lha yo to, Yu. Bocah kuwi kok nakal eram.”
Saking nkale, Jolono karo Mbak Wati
lan Mas Yusuf ae seneng nantangi. Tapi yen di parani mesti mlayu ndelik karo
nyeluki ibuke.
Jolono : “Berani sama saya! (nantang Mas Yusuf)”
Mas Yusuf langsung mlayu marani
Jolono. Eh lha dalah diparani malah ndelek neng njero omah karo bengak-bengok
nyeluki ibuke. Nanging sak nakale Jolono, Jolono yo iso wedhi. Wedhine mung
gampang, wedhi karo ampas tahu lan karo badut.
Yu Tun :
”Oalah, ketokane bocah nakal koyok ngono, tibakno wedhi karo ampas tahu.”
(Jarene Yu Tun)
Yu Jah :
“Lha yo to Yu Tun. Lha wong kapan kae wae dijak mbahe ndelok karnaval nek. Pas nek kana weruh badut wae Jolono
mung iso meneng, ora wani nangis. Ndelik nek mburine mbahe kro irunge kembang
kempis. Eh lha dalah tibakno Jolono ngompol. Walah..walah..”
Nanging tansoyo gedhe
Jolono uwes ora pati nakal. Amung angel nek
diutus ibuke sekolah.
SHAMPO KUCING
Hesti Kurnia Sari (12)
Yu Tun : “Yu, aku tuku shampo gawe kucing enek apa ora ?”
Yu Rah : “Oalah Yu..Yu, wonge wae ora nate shamponan kok kucinge disamponi.”
Yu Tun : “Yo bene ta Yu, kucingku gatelen awake ngesakne mengko lek kenekan tuma wulune.”
Yu Rah : “Iyo iki lho Yu shampone.”
Yu Tun
muleh lan lekas ngadusi kucinge sing keroken kuwi. Sesoke Yu Tun mara menyang warunge
Yu Rah lan wadol yen kucinge mati.
Yu Rah : “ Piye, Yu kucingmu ? wis ora gatelen
maneh ta ?”
Yu Tun : “ Ora gatelen Yu, tapi kucingku mati.”
Yu Rah : “ Lah.. kok iso mati ? Mok ombeni
shampo apa piye ?”
Yu Tun : “Ora Yu , wingi kucingku tas adus ning tak anduki ora
garing , malih tak peres kucingku.”
Yu Rah : “ Walah dalah Yuyu , kok warassss..”
OLEH-OLEH
RONDO ROYAL
Ita Iis Kristanti (13)
Andi : “Penake aku muleh nggawa oleh-oleh apa ya ,kanggo kanca-kancaku ?
Bagus : “Mending gawakno sing murah tor empuk supaya kabeh doyan.”
Andi : “Apa iku ?”
Bagus : “Telo sing di godok terus diwenehi
ragi, banjur digoreng.”
Andi : “Woo..iyo, ketoke enak. Tuku ing ngendi iku ?”
Bagus : “Warung ngarep iku enek.”
Andi budal
tuku ,banjur mulih metuki kancane, terus
menehne oleh-oleh.
Dadang : “Apa iku, An ?”
MALANG DADI KENANGAN
Luluk Nofitasari (14)
Ing dina minggu aku lan kanca –
kanca dolan menyang Malang. Sak nalikane arep budal isih ana sing arep melu
nanging durung teka yaiku Novi. Sak bar e diomongne Novi teka nganggo klambi
apik lan gayane kaya artis. Kabeh wis
siap lan ora nek seng keri. Akhir e budhal numpak motor goncengan loro – loro.
Rasane senng banget minggu iki bisa dolan bareng kanca – kanca. Wis gak sabar
pengen ndang teka Malang lan ngrasakne keindhan alam sing di ciptakake Gusti
Kang Maha Kuasa. Ora krasa wis teka ing tujuan ati rasane tambah seneng. Sak
wis e motor diparkir aku lan kanca – kanca langsung mlayu menyang pinggir
pantai. Ing kana aku lan kanca – kanca poto bareng lan dolanan bareng, ngilangi
rasa susah.
Neha : “ Akhire bisa tekan tujuan nganti slamet.”
Baim : “ Iyo Ha, alhamdulillah saiki bisa seneng – seneng
bareng.”
Neha : “ Iyo.
Baim awakmu eroh Cika maeng to gayane kaya wong sugih ae ?”
Baim : “ Iyo Ha,
alah yo wis lah bene seng penting saiki bisa bareng – bareng.”
Neha : “ Iyo bener kuwi, ayo saiki kumpul karo cah – cah ?”
Baim : “ Ayo Neha.”
Diky : “ Ayo
cah , menyang pinggir pantai kabeh nek kene penak hawane seger.”
Baim : “ Yo,ngenah lak seger kan iki nek pantai Diky .”
Diky : “ Hahahahaha, iyo yo.”
Neha : “ Ayo cah ndang rono selak sore ?”
Diky : “Oke Neha
(karo mlayu).”
Neha : “ Ati -
ati gak usah mlayu,,(lagek omong Diky wis tibo amarga mlayu )”
Diky : “ Aduh....... cah tulung to ?”
Neha,Baim,Vita : “ (Ngguyu kabeh)”
Diky : “ Piye to kok g mok tulung malah kok guyu ?”
Vita : “ Salah mu dewe
ndadak mlayu lan kakean gaya.”
Diky : “ Iyo , aku atrah salah,,”
Neha : “ Cah ayo poto bareng ?”
Baim : “ Ayo ( kabeh mlayu marani Neha )”
Cika : “ Peh , Vita gaya mu kok kayak artis nyasar to ?”
Diky : “ hahahah, iyo. Jane arep nandi to awak mu ki ?”
Vita : “Nek pantai. Ngeneki jeneng e GAUL .”
Cika :” Opo
gaul,, gak ulih – ulihan ngono to maksud mu ?” ( Liya ne nguyu kabeh)
Neha : “ Wah bener kuwi Cik.”
Vita : “ Peh, awakmu iki malah ngelok ne. Ngarai awakmu iki wong ndesa lo dadi ra ngerti
piye gaul kuwi.”
Cika : “ Yo ben ndeso penampilan ne seng penting ora ndeso informasine?”
Vita :” Hadeh! Yawis.”
Diky :” Wis cah ayo siap – siap mulih wis sore?”
Cika :” Ayo.”
Sak nalikane ing pantai akeh kadadean
nanging kabeh iku ora dadi masalah amarga persahabatan ne wis raket banget.
Saiki pantai ing kota Malang dadi kenangan sing ora bisa dilalekne..
ORA SIDA
Dening : Mugi
Dzikrulloh (15)
Isuk kuwi
aku tangi peteng ndang siap-siap budal sekolah luwih isuk amarga enek bimbel
karo upacara. Amarga kesusu bekal sekolah durung siap kancaku wes marani.
Galih : “Assalamu’alaikum.”
Aku : “Wa’alaikumsalam.”
Galih :
“Ayo ndang budal selak telat loh! ”
Aku : “Iya, iki aku karek mlaku.”
Galih :
“Iya, tak enteni.”
Karo
budal aku guyon terus karo Galih trus gak
kerasa wes teka sekolah padahal mlakune motor
gur 20 km/jam. Sampek sekolah wes sepi gur nek parkiran kebek motor, trus karek sitik bocah kuwi ae ya adhik kelas.
Aku : “Lih, wis masuk iki ketoke, Bro!”
Galih : “Woh iya iki ketoke, wis masuk iki (karo mlaku trus teko kelas)”
Aku :
“Durung teka nok gurune tibakno.”
Galih :
“Iya og, kelasku ya durung enek gurune.”
Aku : “Yawis nek kene sik ae lungguh (karo
lungguh nek kelas)”
Galih :
“Iya, nek kene sik ae ngenteni gurune.”
Karo
ngenteni bimbel suwi gak kerasa sampek jame
bimbel entek, gurune durung teko panggahan trus pas jame masuk enek pengumuman
upacara gak enek.
Aku : “Peh gak enek bimbel, upacara ya gak sido enek.”
Galih : “Iya, peh ! Kadung budal
isuk tibakno upacara karo bimbel gak sido
enek.”
Aku :
“Malah bekalku durung siap wes budal mau.”
Galih :
“Yawis,
sabar ae. Yoh mlebu lek ngunu.”
Aku : “Iya, ayo!”
Bar
kaber wes melbu kelas karo ati mangkel. Gurune teka, tapi guru pelajaran duduk guru bimbel. Trus pelajaran koyok
biasane dimulai.
OMAH PAGER
WESI
Ana sawijine
manungsa kang seneng seneng korupsi. Korupsi iku mangan duwite rakyat, nanging
manungsa iki ora ngerti dheweke salah,malah ngerasa dheweke iku bisa nglakoni
sembarang barang sak karepe dhewe. Jenenge Kang Jayus. Mulane kuwi dheweke ditangkap
polisi ana kediamane.
Polisi
Dadang : ” Ngapuntene, Pak, panjenengan
kula tangkap! (nggetak karo swara lantang)”
Kang Jayus : “Lho lho ana apa iki ? Salahku apa ?”
Polisi
Dadang : “Halah! pokoke panjenengan tak tangkap. Mrene tak borgol.”
Kang
Jayus :” Yo emoh,
dhewekmu seng arepe mborgol aku kok kok aku seng kon mrono ya, awakmu seng rene.”
Polisi Dadang : “Wong iki
ora nduwe wedi yo, aku iki polisi lho.”
Kang Jayus :” Lha sopo
seng ngomong dhewekmu iki penari balet.”
Polisi Dadang :” Woh wong
iki. Yowes ayo melu aku menyang penjara.”
Kang Jayus : “Ayo!
(njawab karo semangat)”
Polisi
Dadang :” Lheh..
semangat tenan. Kok ora nduwe wedi dhewekmu ?”
Kang Jayus :”Yo ora
ngono. Aku gag pengen tuku penjara, gawe opo?”
Polisi Dadang :” Lha terus ?”
Kang Jayus :” Penjara ta ? Menurutmu penjara iku piye ?”
Polisi Dadang :” Piye?? Maksudmu apa ta, Pak ?”
Kang
Jayus :” Sawangen omahku iki,
gedi,amba,nyang ngendi ngendi aku dikawal,mangan barang. Aku diladeni, omahku pageran wesi pisan.”
Polisi Dadang :” Iyo pak”
Kang
Jayus : “Penjara iku
gedhi opo ora? Amba opo ora? Nyang ngendi ngendi aku dikawal ora ? Pageran wesi ta ?”
Polisi Dadang : “Iya.”
Kang Jayus : “Ogak enek bedane karo omahku iki. Yawis ayo!”
Polisi Dadang : “Woh wong Pedhot !”
Celana Kuwalik
Muhammad Rizal
(17)
Ing sawijining dina pas cah-cah
olahraga omong-omongan.
Parjo :
“ Heh suwalmu jebol wi lho, Jon Paijon.”
Paijon : “ Loh heh masak ? (eksperine karo bingung
)”
Parjo :
“Iya diomongi kok (karo ngguyu mesam-mesem )”
Paijon : “Peh endi ta, Jo ? Ora enek nok.”
Parjo : “Hahaha.. diapusi kenek, we kok
goblok ta ? Suwalmu lek gak jebol apa kenek
kok gawe?”
Paijon : “Who.. dobol kowe iki.”
ALASAN ORA
MLEBU SEKOLAH
Muhammad
Syah Alam (18)
Wayah isuk pas mlebu sekolah, Pak
Guru ngabsen murid – muride. Pas ngabsen, Pak Guru nakoki muride sing ndek
winginane ora mlebu. Lha ana bocah telu sing mbolos sekolah ndek winginane.
Pak Guru : “ Dit, nyapo awakmu ndek ingi mbolos
sekolah ?”
Adit : “ Kula ndek wingi ditabrak kaleh wong sing mboten tanggung jawab.”
Pak Guru : “ Lha awakmu ndek ingi nyapo ora mlebu,
Ma ?”
Sigma : “ Kula nggih ditabrak, Pak ndek
wingi. Kula ditabrak kaleh wong sing gak genah sing nguber – nguber bal.”
Pak Guru : “ Lha awakmu nyapo Bah gak mlebu ?”
Mishbah : “ Ndek wingi dalane macet, Pak. Soale
wonten lare kaleh tabrakan ndek lapangan basket, Pak.
Pak Guru : “ Lha nyapo gak lewat dalan liya ae ?”
Mishbah : “ Lak kula lewat dalan liya, mangke
sinten sing ajenge dados wasite ?”
MAKANAN POKOK
Nanda Nafi Arum Sari (19)
Nalika
pelajaran IPS, Pak Guru nerangake bab kebutuhan pangan. Pak guru menehi
pertanyaan menyang murid-muride.
Pak Guru : “Panganane wong Amerika kui opo? Enek sing ngerti ora?”
Ana : “Gandum, Pak.”
Pak guru : “Bener. Lha lak wong Eropa?”
Nanang : “Beras merah.”
Pak guru : “Pinter. Lha lak wong Australia?”
Eko : “Gandum, sega putih menawi, Pak.”
Pak guru : “Iya. Lha saiki lak wong
Indonesia?”
Tono : “Duwit rakyat, Pak.”
Mirengake
kuwi, bocah sakelas guyu. Pak Guru mlongo, mikir lan ing atine
menerake wangsulane Tono iku mau.
Neno Ali Sangindraswary (20)
Guru :
“Bocah-bocah jajal sebutno jenenge presiden Indonesia sing nduwe jeneng disik-disikane
huruf J !”
Joko : “Jokowi, Pak.”
Guru :
“Apik. Saiki Parto! Sapa jenenge presiden Indonesiasing disik-disikane huruf M?”
Parto : “Menawi Jokowi, Pak.”
Guru :
“Jawabanmu salah! Sing bener Megawati. Parto, awakmu dihukum ngadek sak jam neng ngarep kelas. Sakiki
Udin! Sapa jenenge presiden Indonesia disik-disikane S ?”
Udin : “Seumpami Jokowi, Pak.”
Guru :
“Jawabanmu mesti ngawot! Awakmu sakiki tak hukum push up ping 50 sakiki cepet! Sakiki
Paijo! Sapa jenenge presiden disik-disikane B ?”
Paijo : “Beh…beh Pak, darani Jokowi.”
Guru :
“Alah sak karepmu cah!”
Kabeh murid : “Ngambek ni yee..”
ORA
NGGATEKNE DALAN
Nila Sasi Dewi (21)
Ing nalika
dina aku lan kancaku, yaiku Susan, Rima, lan Heni sepedahan ngubengi bunderan ning
desaku. Pas arep nglewati bunderan iku tekan dalan menggok aku bengok – bengok
karo nyawang kancaku sing ana ning mburiku. Ora ngira, tibake ning ngarepku ana
kol mandek. Aku wis ngerem sepedaku, nanging sepedaku panggah ora mandek.
Amarga rem sepedaku blong. Langsung wae kol sing mandek iku tak tabrak lan aku
mencelat tekan sepeda. Awakku babras lan
keranjang sepedaku peyok kabeh sampe ora rupa keranjang.
Aku : “ Ayoo mubeng bunderan karo golek harta karun.
Lumayan gawe sangu urip. ”
Susan :
“ Harta karun ndasmu kuwi. Akeh watu lan suket kuwi iyo. ”
Heni :
“ Laiyo, sampeyan iki gek piye toh….? ”
Aku : “ Wis … wisss ojo ngoceh dewe
– dewe. Yen sampeyan ngoceh wae, mengko tak uncali barang sing ora apik loh. “
Rima :
“ Hayoo … opo kuwi? “
Aku : “ Yaa rahasiaaaaa !!!!! Ayo mubeng maneh. “ ( omong – omongan karo
nyawang mburi)
Gradaaaaak
….. Gradaaaak ….. Gradaaaaak …Amarga lak numpak sepeda karo nyawang mburi lan
numpake banter, akhire kol sing ning ngarepe ditabrak.
Aku :
“ Aduhh biyung … wetengku ketatap setir
sepeda. “
Rima : “ Sampeyan kuwi gek nyapo mencelat tekan kono? “ (karo njagang sepeda)
Heni : “ Ndang ngadek, ojo malah mapan klemahan nek dalan ngono.
Ngisin – ngisini wae. Ngetaran nek omah ora duwe kasur iki mestian. “
Aku : “ Pehh, sampeyan iki kok malah
ngenyek aku bukane ngewangi. “
Heni : “ Ngene iki maleh ngesakne
sepedae ketimbang wonge. Ngesakno banget. “
Susan :
“ Pancen uriiip. “
Rima : “ Iku akibate yen numpak sepeda
ora gelem nggatekne dalane. “
Sakwise
kuwi Rima, Susan, Heni nulungi aku lan langsung ngeterne aku muleh.
Password
Laptop
Pipit Deta Sari
(22)
Sawijining
dina, kancaku sing jenenge Ridwan dolan nang omahku karo nggawa laptop jare kon
marai nggarap tugas. Lagek teka laptop diselehne tapi deweke langsung menyang
jeding jare kebelet ee' .
Aku :
“Karo nunggu kancaku laptope tak urepke wae.”
Nanging
jebule laptope dipasang password dadi aku gak isa mbukak.
Aku :
“Dhik, leptopmu gak kenek dibukak kon nglebokne password, apa iki password ?
(karo mbengoki Ridwan sing nek jeding)”
Ridwan :
“Jenengmu. (karo mbengok)”
Trenyuh
hatiku lagek ngerti yen jenengku sampek didadekake password. Tapi yo gak gumun wong
aku karo deweke wis kaya sedulur lanang wae, kanca kawit cilik, mangan bareng adus
bareng turu bareng wis biasa, dadi ya masuk akal ae yen sampek jenengku
didadekne password. Mungkin supaya eling terus marang aku kang dadi kanca
sejatine.
Langsung
tak ketik jenengku "iwan" trus tak enter. Lho kok gak kenek. Tak jajal
maneh, Lho kok tetep gak kenek, mungkin jeneng lengkapku. Tambah keranta-ranta atiku
ora ngira yen sampek jeneng lengkapku.
Aku : “Sing digawe password laptop
iki. Jeneng lengkapku tak ketik trus tak enter, Lho...kok tetep salah password.
Kok ndak kenek ta ,De.”
Ridwan :“Kaploken.”
Semaure
ndak jelas apa maksute.
Aku :"Apane
sing dikaplok ? Laptope ya ?”
Ridwan :“Hurufe
password iku ketiken ngangge huruf gedhi.”
Aku : “Hoalaaaah.. CapsLock.”
Lagek mudeng
aku. Untunge laptope urung tak kaplok tenan. Tak coba maneh jenengku tak ketik.
Saiki ngangge huruf gedhi, bungah tenan atiku, begitu berartinyakah diriku iki sampek-sampek
password laptope kancaku iki ngangge jenengku hurufe gedhi pisan. GRku wis gak ketulungan.
Tak pijet enter, Lho..tapi kok tetep “password yang anda masukkan salah”.
Kancaku
wis metu tekan jeding.
Aku :
“Ora ketek eh kenek.”
Ridwan :”Masak
ta ? Njajal kene ndelok. Ngene lho, tombol CapsLock di dulek trus password
diketik JENENGMU.”
GARA-GARA JAKET KUALEK
Pongki Prastyan (23)
Sak menika isuk – isuk arep budal
sekolah mesti nggawa motor dewe amarga kesusu biayakan nguber jam.
Amarga kesusu kuwi langsung nyandak jaket lan kontak motor,
ngombe banyu sak gelas ben gak panik.
Buyar iku nggawe jaket, numpak motor trus budal sekolah. Pas ndek
dalan akeh wong ngguyu, pikire nyapo kok ngguyu apa enek sing salah tekan penampilane. Teka sekolahan PD lan woles ae
nuntun motor. Basan arepe tumuju
ndek kelas, pas mlaku di takoni kancane.
Paijo : “Jem..jem modele jaketmu uapik men, Jem.
Model anyar to ?”
Paijem : “Apik piye to, Jo ? Rumangsaku ya jaket wis suwi lak ku tuku.”
Paijo : “Iya, Jem. Lakmu tuku jaket ndek endi kok jaketmu jahitane ndek jobo ( karo guyu kepingkel-pingkel )”
Paijem mung mencep amaraga kisinan.
PITAKONE LUGU BOCAH CILIK
Puji Lestari
(24)
Adikku Adam
nduweni umur 4 tahun . Bengi-bengi pas ora udan bapak ngejak mlaku-mlaku dolan
menyang pasar wengi . Jenenge bacah cilik mesti
, rasa pengen ngertine gedhe
banget . Apa wae kang di weruhi mesti di
takokne , koyoke pas ngeruhi anake tangga ku gowo plembungan kang akeh banget ing genggeman tangane.
Adam : “ Apa plembungan iku iso ngambang
bapak ?”
Bapak : “ Yo mesti iso , amarga ning jero plembungan kuwi enek isine gas , le ?”.
Adam :
“ Oh....., ngoten nggeh ? “ .
Nalika
ndeleng wong wadon ngandung , si cilik Adam langsung nyawang bapake lan takok
maneh .
Adam : “ Wetenge ibuk kuwi kok gedhi . Napa
ing njerone weteng ana gasse ngeh.an Bapak
? “.
Bapak : “ Ho.oh ! “ bapak mung mangsulin saenake .
Adam : “ Nanging
kok mboten saget ngambang , bapak ?”
Bapak : “ Amarga
gasse metu liwat mburi haha..”
KOWE SUSAH,
AKU KEKEL
Putri Nurmalasari (25)
Ing omah
magrong-magrong tengah sawah, anaa penghunine kang jenenege kicrut lan kabol.
Kicrut lan kabol iku duduk bocah kembar, nanging rupane nepak’i podho. Podho
ndueweni irung, mripat, lambe, kuping lan sak piturute.
Jebul
sawijining dina, kicrut lan kabol kang ngrasa dheweke kembar, kerep ijol-ijolan
opo kang diduweni. Nganti tepak deweke oleh undangan buwh menyang kuta, wong
loro kui ninggalake omahe dhewean ing tengah sawah.
Kicrut : “Bol, wis mari opo durung anggonmu macak ?”
Kabol :”Gong crut, menengo sek, tak macak disek ben oleh cewek aku! (karo ngelus-ngelus rambute nganggo jlantah)”
Kicrut :”Biyuh-biyuh, cewek ngendi kang gelem karo kowe. Rupa ireng meles ngunu loh ! (karo ngece)”
Kabol :”Ojo ngino crut, ikiloh koco, ngoco dhisik njehh!” (ngacakne kicrut karo
ngece)
Kicrut :”Podho melese ngelokne, wis ndang gek budal.”
Kabol :”Woh iyo, ndongo disek ben slamet.”
Sakwise
ndongo, kicrut lan kabol budhal menyang pestane. Dhasare wong katrok adoh
kentheng cedhek budheng, macak’e koyo wong ndeso senajan menurute koyo wong
kuta.
*Ing pestane.
Kicrut :”Sawangen akeh panganan, gek ndang mangan ya, Bol.”
Kabol :”Iya crut, milih kentuki ae ya. Enak pol !”
Kicrut :”Karepmu, aku tak ngetap sek ya.”
Kabol :”Ho’oh.”
Kicrut budhal
ngetap, kabol njupuk kentaki.
Kabol :”Wah, enak tenan. Iwak e gedhi-gedhi, mentep, warek iki.” (ngguya- nggyu,
nanging dheweke bingung kepriye jupke saos) pie ya njupuke saose?”
Kabol
bingung, nanging dheweke ngingeti wong kang njupuk saos ing sawijining alat
kang asing bagine.
Kabol :”Wah, mbak e njupuke ana kono, carane jupuk pie ya ?(mbatin, lan mijet
pencetan kang ana ing kono)
Kabol kaget
lan penggaweane latah metu.
Kabol :”Crut..eh cruut, muncrut, eh mucrut.”(njengkat-njengkat)
Gang sedelut
kicrut marani lan krungu yen kabol nyeluk jenege, weine kicrut ana apa-apa
dening kabol, akhire kicrut mblayu banter.
Kicrut :”Ana apa, koe nyeluk aku? Kowe diapakne ? rupamu clemotan abang ?”(mripate
karo menteleng kaget)
Kabol :”Heladalah, crut lagek tekan kowe. Sawangen rupaku clemotan iki goro-goro
kecrutan saos.”(membleh-membleh melas rupane) ora oleh cewek, oleh isin
plalahan.”
Kicrut :”Heladalah gubrakkk.!!!”
BOJO BUDEG
Rida Noviawiyani (26)
Bengi iku
Sarti lan Sarto omong-omongan ing njero kamar.
Sarti :
“ Mas aku meteng.” (Omong karo bhisik-bhisik)
Sarto :
“ Opo dek? Peteng? Tak kakne opo piye lampune?”
Sarti :
“ Ora mas, duk peteng. Tapi aku meteng anakmu mas?”
Sarto : “ Awamu arep manak? Meteng ae durung
kok wes arep manak?”
Sarti : “ Halah mas – mas embuh wes,
dijak ngomong kok gak nyambung blas.”
Sarto : “ Ngomong opo taa awamu kuwi dek?”
Sarti : “ Boh mas boh.” (karo bengok –
bengok)
Gara – gara
Sarto dijak ngomong Sarti ora nyambung akhire Sarti pamit metu nyang Sarto.
Sarti : “ Aku mangkel mas ngajak
ngomong awamu, wis lah aku tak metu ngulon disik mas.”
Sarto : “ Opo dek? Awamu pengen njaluk
kelon? Reneo dek ayo turu.”
Sarti : “ Halah … bojoku iki budeg
tenan opo atrah wonge mbudeki ta Gusti … Gusti …”
RABI
Rika Lailatul Laili (27)
Mas
No : “ Heh lek, Jo, timbang nglamun
iki aku nduwe bedhekan anyar maneh.”
Bejo :
“Apa maneh ?”
Mas No : “Kowe ngerti karepe upacara temu manten
kae ? Ngene kok dadak nganggo ditemukake barang.”
Bejo : “Apa ya ? Nganu supaya nemantene
gathuk lan temu rasa ing awiji antarane lanang lan wadon.”
Mas
No : “Wah! ya pinter tibakno.”
Bejo :
“Wong kene og.”
Mas No : “Lha iki terusane. Manten kae kok ditimbang
karo pangku bapake karepe piye kui ?”
Bejo : “ Karepe manten kuwi pada abote,
ora ana bedane anake karo mantune ngono.”
Mas
No : “Walah dalah isa tibakno.”
Bejo : “Lho piye ta ? Aku kan wis tau
nglakoni. Nek kowe kan durung tau
mulane takon.”
Mas
No : “Ngece iki.”
Bejo : “Wis takon apa maneh ?”
Mas
No : “Lha terus kacur – kucur apa
maksute ?”
Bejo : “Wong lanang aweh guna, kaya nafkah
marang wong wadon bisa ngayomi lan ngayemi.”
Mas
No : “Wah! Jan pinter tenan kowe
iki, Jo.”
Bejo : “Ya jelas no.”
Mas No : “ Iki sing terakhir, geneya manten kok
terus mangan sega punar ?”
Bejo : “Mantene krasa wetenge luwe terus
mangan haha..”
Mas
No : “Woo.. iki jelas nek ngawur, kumat
beh..beh!”
Bejo : “Mulane ndang rabi ,ora usah takon-takon
maneh.”
Mas
No : “Hehehe..”
KETILANG
Rini Dwi Yustitia (28)
Polisi lalu lintas mengawe-ngawe nduwe maksud ngendhekake
wong numpak motor sing goncengan telu . Nanging motor kasebut wis nyoba kanggo uwal
saenggo meksa petugas kasebut nguber. Sawise kedadean adegan uber-uberan motor
kasebut akhire kejiret.
Pak
Polisi : ‘’Kenapa awakmu kabur nalika aku
mungkasi ? (karo nulis surat tilang)”
Aku : “Damel kaselametan, Pak.”
Pak
Polisi : “Kanggo kaselamatan apa ? sampeyan
ngerti pora goncengan telu kuwi malah mbahayakake kaselamatan.”
ANGGOTA DPR
Rofi Yarma Puspitasari (29)
Salah
sawijining dina ing ruang gedung MPR/DPR, ana anggota dewan sing sik tas
diangkat. Dheweke isih rada isin lan upak – upuk amarga dheweke tekan desa lan
durung tau kerja.
Katemin : “ Wah.. enak tibake dadi pejabat. Nduwe ruang
kerja dhewe. Ruangan yawis AC, ana computer lan kursi empuk.”
Ora
let suwi, ana kang ndodoki lawange. Sawise dibuka, ana wong 2 kang ngadek ing
ngarepe karo nggawa koper lan kabel.
Katemin : “ Iki mesti wartawan TV kang arep ngewawancarai
aku. Mangga pinarak.”
Paijan :
“ Nggih, Pak.”
Supaya
ketok nduwe wibawa lan mbelani rakyat, disambi nyawang jam lan ngangkat
telepon.
Katemin : “ Sepurane sik ya sedilut, aku arepe ngabari
ketua fraksi kanggo ngelaporake hasil – hasil sidang dina iki. Amarga iki
kanggo rakyat sing wis percaya marang aku kanggo makili rakyat.”
Sawise
mari nelpon karo ndelehake gagang telepon, dheweke ngomong marang menyang wong
2 kae mau.
Katemin : “ Nah.. ayo saiki wawancarane dilekasi.”
Paijan : “
Loh.. wawancara napa ta, Pak ?”
Katemin : “ Sampeyan saiki rene arep ngewawancarai aku ta
?”
Paimin : “
Mboten, Pak.”
Katemin : “ Lha terus arep nyapo ?”
Paijan : “ Badhe masang kabel telepon.”
Katemin : “ Waduhh..”
BAKAT PENYAKITEN
Sendy Awaludin (30)
Ing dina kui pas pelajaran bk ,gurune takok menyang murid-muride bakat
kang di duweni muride kuwi.
Bu guru :
“Cah aku takok
menyang awakmu siji siji ,opo bakat sing kok duweni saiki ?”
Murid : “Nggih, Bu (karo mantuk
mantuk).”
Bu
guru : “Bakatmu apa, Dan ?”
Dany : “Bakat kula wonten ing bidang
musik, Bu.”
Bu
guru : “Oalah apik, Dan. Lha bakatmu apa, Bet ?”
Beti : “Kula saged futsal, Bu.”
Bu guru :
“Apik kuwi, Bet. Cah
wedok pinter futsal. Terus bakatmu apa, Den ?”
Durung dijawab karo Deny , kancane sing jenenge Dony langsung nyaut
Dony :
“Bakat penyakiten, Bu.”
Kanca-kanca sak kelas
podo ngguyu amarga bocah sing jenenge deny kui gampang penyakiten ,sedilut
sekolah sedilut ora
Bu guru :
“Huss! Gak oleh ngono karo kancane, woh ancen cah
nakal-nakal.”
MURID CERDIK
Sigma Putra Ananda Aditya (32)
Wayah awan kepungkur mari pelajaran jam
terakhir, gurune menehi pertanyaan marang muride.
Guru : “ Cah tak wenehi pitakonan, sapa
sing bisa jawab dhisik, oleh mulih dhisik.”
Murid : “ Enggih, Bu ( karo seneng).”
Guru :
“ Piye ciri – cirine murid sing pinter ? Sapa isa ?”
Murid : “ Kula saget, Bu (karo ngangkat tangan).
Ciri – cirine mesti oleh biji apik, sregep, mbeneh, lan saget nyontek.”
Guru :
“Pinter, tapi menyangapa kok enek isa nyontek barang ?”
Murid : “ Iya lah, Bu. Panjenengan bayangake
umpami Indonesia saget nyontek, penggawean pesawat luar negeri, Bu. Hebat to,
Bu.”
Guru :
“ Bener ya. Dadi murid – murid saiki oleh nyontek.”
Murid : “ Ye.. ye.. dadi ulangan mbenjing
pareng nyontek, Bu.”
Gur :
“Waduh! Keceplosan salah ngomong.”
MERES KUCING
Siti Solekhah (32)
Rikun tuku deterjen
ing warunge Ratno.
Rikun :
“Aku arep ngumbah kucing.”
Ratno :
“Ora salah kowe, Kun ?”
Rikun :
“Iya soale kucingku akeh tumane.”
Ratno :
“Lah ya bisa mati kucingmu, Kun.”
Rikun : “Lah! Tangggaku wingi kaya kowe, kucinge
ya orapapa. Kalem no.”
Bar mbayar Rikun
bali arep ngumbah kucing. Ngesuke Rikun tuku rokok neng warunge Ratno.
Ratno :
“Kun kepriye kucinge kae ?”
Rikun :
“Genah mati kok.”
Ratno : “Lah kowe.. Tak omongi ora percaya
sik, lak kucing dikumbah karo deterjen dinggo ngapa, mbok ana obat tuma.”
Rikun : “Kucingku mati udu meri deterjene.”
Ratno : “Lah sih kenangapa ?”
Rikun : “Tek peres.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar